Lagu “Sahara” sing ngetop koyok lagune Inul ndek kampungku

23 01 2009

Yo gak ndek kampungku tok, lagune wong Malesia iku yo ngetop ndek omahku. Masku seneng nyetel lagu iku. Kadang-kadang karo njoget2 barang. Lha aku lak seneng lagu Jazz, malih aku rodok2 yo’opo ngono lek krungu lagu iku. 

Elingku, ndisik onok koncoku jenenge Safik’i (ejaane koyok ngono iku hehe) yo seneng karo lagu iki. Heran aku, kenek opo yo kok wong iso seneng karo lagu Malesia. Lek dibandingno karo musik klasike Mozart jelas gak iso dibandingno blas. Tapi yo jenenge selera lak bedo2a. 

Dibandingno lagune Inul ndisik, sing lagu “Sahara” iki yo ngetop, terutama ndek wong-wong kampung. Aku iki yo wong kampung tapi kok gak seneng yo. Paling aku iki aneh jarene wong kampung, lha senenganku lagune macem2, terutama Jazz. Cobak, lek taksetel lagu jazz pas mantenan ngono, opo gak wong moro2 podo mulih kabeh gak tahan. Cobak, setelen wis, lagune Paris Jazz Big Band!

Standar ae, sing iso dirungokno bareng, yo aku iso seneng pisan iku lagu koyok lagune Samson. 

Mbuh, aku iki, kok gak seneng ndangndutan.


Tindakan

Information

Tinggalkan komentar